Powered By Blogger

Rabu, 22 September 2010

Basa Inggris

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Basa Inggris (English)
Negara/Negari: Britania, AS, Kanada, Australia lan liyané
Tlatah: Kebanyakan Eropa Kulon, Amerika Lor lan Australasia
Cacah Panutur: Panutur asli: 402 yuta
Dadi basa kaping loro: sekitar 600 yuta
Urutan kaping: 3
Rumpun basa: Indo-Eropa
 Jermanik
  Kulon
   Inggris
Status Resmi
Basa resmi ing: delengen ing ngisor
Akadhémi Basa: ora ana
Kodhe Basa
ISO 639-1 en
ISO 639-2 eng
SIL ENG
Basa Inggris iku basa Jermanik Kulon, sing asalé saka Inggris. Basa ini sawijining kombinasi saka pirang basa lokal sing ditrapaké déning wong-wong Norwegia, Denmark, Saxon lan Angel saka abad kaping 6 nganti 10. Banjur ing taun 1066, Inggris dibedhah déning William the Conqueror, sang panakluk saka Normandia, Prancis Lor. Mula sabanjuré basa Inggris kena pangaruh intènsif basa Latin lan basa Prancis. Saka kabèh kosakata basa Inggris modern, diperkirakaké kurangluwih 50 % asalé saka basa Prancis lan Latin.

Bab lan Paragraf


Sejarah Basa Inggris

Perkembangan basa Inggris biasané dibagi dadi telung masa:
  • Basa Inggris Kuna utawa basa Anglo-Saxon, 700 – 1066
  • Basa Inggris Tengahan, antara 10661500
  • Basa Inggris Anyar, wiwit abad kaping 16

Basa – basa kerabat

Basa Inggris kagolong rumpun bahasa Jermanik, lan utamané saka cabang Jermanik Wetan. Kerabaté sing paling cedak iku basa Frisia. Saliyané iku basa Walanda (lan uga basa Jerman ngisor liyané) uga isih cedak. Basa Jerman (Basa Jèrman dhuwur) rada luwih adoh manèh.
Anging saka kabèh basa Jermanik, basa Inggris iku basa sing liya dhéwé tatabasa lan kosakatané.

Status Basa

Saliyané iku basa Inggris uga salah sijining Basa resmi ing akèh nagara liyané ing donya. Antara liya ing Afrika Kidul, Belize, Kanada, Filipina, Hong Kong, Irlandia, Singapura lan sabanjuré
Ing donya basa Inggris iku basa kaping loro sing pratama disinaoni. Basa Inggris bisa nyebar amarga déning pangaruh politik lan imperialisme Inggris banjur Britania Raya ing donya. Salah sijining paribasa Inggris jaman mbiyèn bab karajan Inggris sing diarani Kakaisaran Britania (British Empire) iku ya papan sing “Srengéngéné ora tau sumurup” (“where the sun never sets”).

Uga pirsanana

Tidak ada komentar:

Posting Komentar