Powered By Blogger

Rabu, 22 September 2010

Al-Qur'an

Al-Qur'an

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Al Qur'an iku kitab suci agama Islam. Ummat Islam percaya yen Al Qur'an iku puncak lan panutup wahyu Allah kanggo manungsa. Ajaran iki diturunkan marang Nabi Muhammad SAW kanthi caraka Malaikat Jibril.
Yèn dirunut seka ngelmu basa, Al Qur'an iku artine "wewacan" utawa "kang diwaca bola-bali." Ukara iki seka qara'a kang maknane "maca". Penganggo ukara iki bisa disumurupi ing ayat 17 lan 18 Surat Al-Qiyaamah.
Al Quran

Bab lan Paragraf


Terminologi

Dr. Subhi Al Salih njabarke artine Al-Qur'an kanthi mangkene:
"Kalam Allah SWT kang awujud mukjizat kang dilumantarake marang Nabi Muhammad kang tinulis ing mushaf (lembaran) lan diriwayataake kanthi mutawatir (terus nyambukanthi bener) lan yen maca awujud ibadhah."
Dene Muhammad 'Ali ash-Shabuni njabarke kanthi ukara :
"Al-Qur'an iku kalam Allam kang tanpa tandhing, tinurunke marang Nabi Muhammad pungkasaning para nabi lan rasul, kanthi prantara malaikat Jibril lan as lan tinulis ing mushaf-mushaf kang banjur tekan kita kabeh kanthi mutawatir, lan yen maca lan nyinaoni bakal dianggep ibadhah, kanthi diwiwiti surat Al-Fatihah lan ditutup nganggo surat An-Nas"
kanthi katrangan kaya ing dhuwur iku, Al Qur'an dibedaake karo kitab sadurunge Nabi Muhammad, yaiku Kitab Taurat utawa Injil.

Dasanama Al Qur'an

Artikel iki bagéyan saka sèriIslam
Allah-eser-green.png
Rukun Islam
Syahadat · Shalat · Pasa
Zakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Al-Qur'an · Malaikat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Muhammad SAW
Nabi & Rasul · Sahabat
Ahlul Bait
Kota Suci
Mekkah ·Madinah · Yerusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Hijrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitektur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitektur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Teks & Hukum
Al-Qur'an ·Hadist · Sunnah
Fiqih · Fatwa · Syariat
Mazhab
Sunni
Hanafi ·Hambali
Maliki ·Syafi'i
Syi'ah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Portal Islam
Indeks perkara Islam
pirsani  rembag  sunting
Ing kitab suci iki uga ana katrangan yen Al Qur'an uga nduwe dasanama utawa sebutan-sebutan liyane.
  • Al-Kitab, QS(2:2),QS (44:2)
  • Al-Furqan (kang mbedaake bener luput): QS(25:1)
  • Adz-Dzikr (kang menehi peringatan): QS(15:9)
  • Al-Mau'idhah (pelajaran/pitutur): QS(10:57)
  • Al-Hukm (peraturan/hukum): QS(13:37)
  • Al-Hikmah (kewicaksanan): QS(17:39)
  • Asy-Syifa' (obat): QS(10:57), QS(17:82)
  • Al-Huda (petunjuk): QS(72:13), QS(9:33)
  • At-Tanzil (kang tinurunake): QS(26:192)
  • Ar-Rahmat (kurnia): QS(27:77)
  • Ar-Ruh (roh): QS(42:52)
  • Al-Bayan (panerang): QS(3:138)
  • Al-Kalam (pangucap/firman): QS(9:6)
  • Al-Busyra (kabar gumbira): QS(16:102)
  • An-Nur (cahya): QS(4:174)
  • Al-Basha'ir (pitudhuh): QS(45:20)
  • Al-Balagh (caraka/kabar) QS(14:52)
  • Al-Qaul (ukara/ucapan) QS(28:51)

Sesambungane karo kitab-kitab liyane

Al Qur'an uga ana sesambungane karo kitab-kitab sadurunge (Taurat, Zabur, Injil, lan lembaran Ibrahim).
  • Al Qur'an nuntut supaya wong Islam percaya yen kitab-kitab kuwi ana QS(2:4)
  • Al Qur'an tinitah kanggo mbenerake lan pamawas kitab-kitab sadurunge. QS(5:48)
  • Al Qur'an dadi referensi kanggo ngilangake sulaya ing antarane rasul-rasul kang beda. QS(16:63-64)
  • Al Qur'an mbenerake sejarah. Ing kitab pungkasan iki ana crita-crita ngenani umat lan uga rasul-rasul kepungkur. Ing sawetara crita, ana kang ora padha karo apa kang tinulis ing kitab liyane iku.

Proses turuning

  • Malaikat ngleboake wahyu ing njero atine Nabi Muhammad.
  • Malaikat memba rupa dadi wong lanang lan ngajarake marang Rasululllah.
  • Wahyu teka kaya thing-thingan lonceng.
  • Malaikat ora memba rupa dadi sapa-sapa lan nekani Nabi Muhammad kanthi pawakan asline.

Peranganing Al Qur'an

Al Qur'an iku sinusun seka 114 perangan kang sinebut surat utawa surah.Saben surat dicacah maneh dadi sawetara ayat. Surat kang paling dawa yaiku Al Baqarah (286 ayat) lan paling cekak Surat Al kautsar (3 ayat). Kabehe ana 6236 ayat. Angka iki ana sing beda ing antarane ahli siji lan liyane, nanging isisne tetep. Umume mung perkara sulaya cara ngetunge wae. Surat-surat kang dawa diperang maneh kanthi sebutan ruku'. Ruku' iku kumpulaning ayat kang ngrembug perkara tinamtu.
Yen dipilah seka panggonan tumurune, Al Qur'an dipilah dadi loro: Surat-surat makkiyah lan Madaniyah. Surat Makkiyah yaiku surat kang wahyune tumurun nalika ing Mekkah, dene Madaniyah tumurun ing Maddinah. Umume, surat Madaniyah luwih dawa tinimbang Makkiyah.
Ing pamilahan liyane, Al qur'an dipilah dadi 30 perangan kanthi dawaning isi kang padha. Perangan-perangan iku sinebut juz. Pamilahan iki kanggo nggapangake yen arep maos AL Qur'an ing wektu sewulan (30 dina).
Ana maneh pamilahan kanthi ngrujuk dawa-cekake:
  • Assab’uththiwaal(pitung surat kang dawa). Yaiku Surat Al-Baqarah, Ali Imran, An-Nisaa’, Al-A’raaf, Al-An’aam, Al Maa-idah, lan Surat Yunus.
  • Al Miuun, (luwih seka satus ayat), yaiku Surat Hud, Yusuf, Mu'min, lan sapiturute.
  • Al Matsaani, (kurang seka satus ayat), yaiku Al-Anfaal, Al-Hijr, lan liya-liyane.
  • Al Mufashshal, (surat-surat cekak), yaiku Adh Dhuha, Al-Ikhlas, Al-Falaq, An-Nas, lan liyan-liyane.

Adab Tumrabe Al-Qur'an

Sadurunge nyenggol utawa nyekel mushaf Al Qur'an, sawijining muslim supaya ngresiki awake lan kang wigati wudhu dhisik. Perkara iki linandhasan tradisi lan interpretasi literal seka surat Al Waaqi'ah ayat 77 nganti 79.

Sejarah Tumuruning AL Qur'an

Tumuruning Al Qur'an

Al Qur'an tinurunake ing mangsa 23 taun. mangsa iki dipilah maneh dadi loro: Mekkah lan Madinah. Jaman ing Mekah wektune 13 taun, dene Madinah 10 taun.

Kodifikasi AlQur'an lan Ngrembakane

Salin basa lan tafsir Al Qur'an

Upaya kanggo ngerti apa kang ana ing Al Qur'an tinulad ing sawetara basa lan tinafsir kanthi maneka warna cara. nanging, tafsir iku mung saderma upayaning manungsa lan ora entuk ngganti teks asline.

Salin basa

Tarjamah utawa salin basa Al Qur'an mana salin basa kang literal lan ora dibarengi interpretasi kang kadohan. Salin basa iki ora dianggep isih durung bisa diwaca kanthi apa anane. Kudu wong-wong tinamtu kang nguwasani ngelmu-ngelmu agama lan basa arab kang bener supaya ngerti tenanan kandhungane.
Salin basa ing Basa Indonesia ing antarane:
  1. Al-Qur'an dan Terjemahannya, oleh Departemen Agama Republik Indonesia.
  2. Terjemah al-Qur'an, oleh Prof. Mahmud Yunus.
  3. An-Nur, Prof. T.M. Hasbi Ash-Siddieqy.
Salin basa ing Basa Jawa:
  1. Qur'an Kejawen (bhs. Jawa) , oleh Kemajuan Islam Jogyakarta
  2. Al-Ibriz (Bhs. Jawa), oleh K. Bisyri Mustafa Rembang.
  3. Al-Qur'an Suci Basa Jawi (bhs. Jawa), oleh Prof. K.H.R. Muhamad Adnan.

Tafsir

Tafsir Al Qur'an kang kondhang antara liya :
  1. Tafsir Al Mishbah oleh Prof Quraish Shihab
  2. Tafsir Al Manar, oleh Syeh Muhammad Abduh & Rasyid Ridha
  3. Tafsir Ibnu Katsir.
  4. tafsir Al Bayan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar